A. Hakikat Prosa Fiksi
Ing Kamus Besar Bahasa Indonesia prosa menika karangan
bebas yang tidak terikat oleh kaidah seperti yang terdapat dalam puisi.
Pengertian ingkang lengkap piturut Suprapto (1991:64), karangan bebas yang tidak
terikat oleh ikatan yang terdapat dalam puisi seperti matra[sic], rima, serta
penyusunan larik dan bait.
Saking definisi-definisi wonten ing inggil, saged
dipunpendhet dudutan, prosa inggih menika karangan bebas ingkang gadhah bentuk
pengungkapan ingkang boten terikat. Bentuk pengungkapan prosa menika kewalikan
saking bentuk pengungkapan geguritan ingkang boten terikat kaliyan
sawontenipun: mantra, rima utawi sajak, larik utawi baris, lan bait.
Kaliyan menika, saged disimpulaken fiksi inggih menika
cariyos rekaan ingkang dipundhamel miturut pandangan, penafsiran, perenungan
dialog, lan reaksi panganggit kaliyan perkawis-perkawis ingkang sampun kalampah
utawi perkawis ingkang taksih kalampah ing imajinasi panganggit.
Prosa fiksi minangka salahsatunggal genre sastra ingkang
ngandhut unsur unsur ingkang meliputi: panganggit, isi penciptaan, media
penyampai utawi bahasa, saha elemen elemen fiksional utawi unsur intriksik saha
ekstrintik. Unsur intrinsik inggih menika unsur unsur ingkang membangun karya
sastra saking salebeting sastra menika piyambak, tuladhanipun: tema, amanat,
alur, penokohan, latar, sudut pandang, lan gaya basa. Lajeng, unsur ekstrintik
menika unsur unsur pembangun sakig jawi sastra, tuladha: kabudayan, sosial,
agama, politik, lsp.
B. Ragam Prosa Fiksi
Prosa fiksi antawisipun: dongeng, cerpen, lan novel.
Wonten ngandhap menika penjelasan setunggal kaliyan setunggal piyambakipun
ragam prosa fiksi menika.
1.
Dongeng
Dongeng inggih menika salahsatunggalipun warisan nenek
moyang. Ing jaman rumiyin dongeng dipuncariyosaken kanthi cara lisan, dhereng
wonten buku, utawi media elektronik kadosta jaman samenika. Tuladhanipun tiyang
sepuh asring nyariyosaken dongeng kaliyan putranipun kangge pengantar tidur.
Dongeng ingkang dipuncariyosaken menika sejatosipun warisan saking generasi sadherengipun.
Lajeng, caranipun ngandharaken dongeng secara turun temurun lan saking lathi
kaliyan lathi utawi lisan.
Miturut isinipun dongeng maneka warni, antawisipun:
a.
Fabel
Fabel
inggih menika dongeng ingkang nyariyosaken pagesangan binatang ingkang ngandhut
tuladha utawi manfaat kangge pamaos. Tuladhanipun fabel menika Cariyos Kancil
lan Baya, Pak Belalang, lsp.
b.
Legenda
Legenda
inggih menika cariyos-cariyos ingkang dipungayutaken kaliyan kahanan alam utawi
gayut kaliyan perkawis terjadinipun ing suatu negeri, danau, gunung, lsp.
Tuladha legenda menika cariyos Malin Kundang lan Tangkuban perahu utawi
Sangkuriang.
c.
Myte
Menika cariyos
cariyos ingkang dipungayutaken kaliyan kapitadosan (animisme lan dinamisme)
tuladhanipun gayut kaliyan pagesangan dewa dewa saha makhluk ingkang halus.
Tuladhanipun Cariyos Nyi Roro Kidul, Mahabrata, lan Kera Sakti.
2. Novel
Novel kalebet ragam prosa fiksi ingkang dipunremeni
kaliyan pamaos. Novel saking basa Italia inggih menika novella ingkang bermakna
sebuah barang baru yang kecil. Wonten ing ngrembakaning jaman, novel inggih menika
prosa fiksi ingkang secara imajinatif nyariyosaken sisi utuh masalah pagesangan
salahsatunggaling tiyang utawi saperangan tokoh ing pagesangan, lan mestine
olahan imajinasi panganggitipun.
Pangertosan sanesipun dipunandharaken dening Deti
(2005:115), novel inggih menika prosa dhawa ingkang ngandhut rangkaian cariyos pagesangan
salahsatunggalipun kaliyan tiyang ing sekitar, ingkang nonjolaken watak saha
sifat tokoh-tokohipun.
Saking pangertosan menika saged dipunpendhet dudutan novel
inggih menika salahsatunggaling ragam prosa fiksi ingkang secara imajinatif ingkang
nyariyosaken pagesangan tiyang kaliyan sanesipun utawi nyariyosaken sisi utuh
masalah kahuripan kaliyan nonjolake watak saha sifat ingkang tokoh gadhahi.
Comments
Post a Comment